Langsung ke konten utama

Gara-gara Olimpiade

Ing dina kang biasa dilakoni saben dinane. Saben esuk, ing keluargane Pak Darma wus rame. Pak Darma, saben esuk wus ngubengi kutha Ngayogyakarta, sing pagaweane, yaiku nyopir bis Trans Jogja, sing lagi wae anyaran dianakake pamarentah Jogja. Pak Darma wus pengalaman anggone panggonan-panggonan ing kutha kang kondhang kota pelajar, pendidikan, lan kabudayan. Amarga saben esuk wus megawe. Garwane Pak Darma, Bu Darma, pagaweane dodol panganan pasar ing pasar gedhe Beringharjo. Gilang lan Indah, putrane Pak Darma sing saiki klas 1 SMA lan klas 5 SD saben dina mbiyantu Ibune anggone nata panganan sing arep digawa adol ing pasar gedhe. Gilang sekolah ning SMA sing wus kondhang ing kutha Ngayogyakarta. Gilang kalebu anake wong ora duwe nanging bocahe pinter ing sekolahe. Sakliyane kuwi, Gilang lan Indah uga nyapu latar, reresik omah, lan liyan-liyane. Sakwise kabeh ing ngomah resik, Gilang lan Indah lagi budhal anggone menyang sekolah. Nganggo motore sing ya ora patia apik.
“Bu, pamit rumiyin ajeng tindak sekolah, kaliyan ngeterke adik,”omonge Gilang marang ibune sinambi ngambung tangane ibune.
“Pamit rumiyin nggih, Bu,”sambumge Indah uga ngambung tangane ibu.
“Ya, kana le nok, ati-ati ning ndalan, rasah kesusu soale karo adimu, lho, Le!”jawabe bu Darma
“Nggih, Bu, kula ngati-ati anggene nitih motor,”jawabe Gilang supaya atine ibune lega.
Gilang banjur ngeterke sekolah adhine ing SD, sing ora adoh saka sekolahane. Banjur tumuju ing sekolahane. Gilang saiki lagi klas 1 SMA, dheweke seneng banget karo pelajaran sing jenenge fisika. Gilang duwe gegayuhan dadi peneliti/profesor utawa guru. Kanggo ancang-ancang supaya kelakon gegayuhane, Gilang melu seleksi olimpiade sing dianakake sekolah. Olimpiade sing dimeluni Gilang ya jelas cetha yaiku Fisika. Sakliyane plajaran Fisika isih ana sing liya, kayata, plajaran matematika, geografi, biologi, ekonomi, astronomi, komputer, lan liyan-liyane. Sakwise ndaftar, dina iki dianakake tes seleksi iku, lan bubar tes diumumke sapa sing bakal lolos. Akhire, Gilang lolos tes ing sekolahane, banjur dianakake pembinaan kanggo seleksi ing kabupaten utawa kutha. Lan, Gilang uga lolos ing Kabupaten utawa kutha. Banjur maju, ing tingkat saklanjute, yaiku propinsi. Ing Propinsi, ujianne saya angel, lan wong-wonge uga pinter-pinter. Nanging, Gilang tetep duwe tekad sing gedhe, supaya bisa nglanjutake ing tingkat sing luwih dhuwur yaiku nasional. Seminggu, sakwise ujian pengumumane, Gilang saben dina, dedonga marang Gusti Allah, supaya bisa mlebu olimpiade ing tingkat Nasional. Ora disangka-sangka, Gilang mlebu ing Nasional. Banjur Gilang, ngandhakake warta iki, marang wong tuwa sing lagi padha leyeh-leyeh ndelok TV ing ruang kluwarga

”Pak lan Ibu, kula olimpiade, saged mlebu tingkat Nasional, nanging olimpiadenipun wonten Jakarta,”omonge Gilang ngandhani warta apik iku.

“Alhamdulilah, le ya syukur, pirang dina apa sasi maneh kowe menyang Jakarta,”jawabe Pak Darma nganti pipis eluh netes nganthi ndlewer saking senenge duwe anak sing bekti lan pinter

Sesasi malih, pak, diwontenake pembinaan rumiyin saking Dinas Pendidikan kutha Yogya kagem tes terasanipun,”wangsulane Gilang njelasakake marang Bapake.
Ora krasa sesasi, wus mlaku, saiki para siswa sing mlebu tingkat Nasional, bakal lunga tumuju Jakarta. Dinas Pendidikan Ngayogyakarta wragadi para siswa, sakliyane ilmu uga nganggo apa tumuju ing Jakarta, uga wus disiapkake, yaiku nganggo motor mabur. Pak Darma, Bu Darma, lan Indah ngeterke Gilang ing Bandara Adi Sucipto Yogyakarta.

“Pak lan Ibu pamit rumiyin badhe tindak Jakarta, lan dongakake kula nggih, pak bu!” panyuwune Gilang pas arep budhal.

“Jelas, Le, bapak lan ibu bakal ndongakake kowe supaya slamet lan bisa ngerjakake soal-soal,” jawabe Pak Darma sinambi ngelus sirahe Gilang.
“Nuwun nggih, Pak lan Bu,” panuwune Gilang sinambi ngambung tangan ibu lan bapakke.
“Dhik, pamit sikik, ya, jaga ibu lan bapak, mas seminggu maneh mas bali ning ngomah kok,” pamite Gilang karo adhine.
“Ya, mas, aku bakal njaga bapak lan ibu, ati-ati ya, mas,” jawabe Indah.
“Ya, dhik, mas bakal ngati-ati,” jawabe Gilang sinambi mlebu njero Bandara kanggo check-in karo kanca-kancane.

Pesawate mudhun ing Bandara Halim Perdana Kusuma. Banjur numpak bis sing wus disiapkake saka Jakarta, Gilang ndelok saka kaca bis, ing njero ati, Gilang mikir, kahanane Jakarta iku krasa panas banget banjur iku, yen ana omah sing apik mesthi apik banget, yen elek ya elek banget utawa nek wonge sugih, ya sugih banget, yen susah ya susah banget, iku kahanan Jakarta sing pating semrawut lan macet. Sakliyane iku, Jakarta uga duwe sing apik, yaiku akeh gedung-gedung sing wus modern, akeh fasilitase, lan liyan-liyane. Sakwise ngubengi kutha Jakarta, tumuju ing Dinas Pendidikan Nasional sing dadi Pusat, sing bakal kanggo ujian utawa tes seleksi. Kabeh wakil saka 33 Propinsi, uga padha kumpul ing panggonan iku. Ing panggonan iku, dianakake pembukaan, dilanjutkake acara pitepangan utawa kenalan, marang siswa siji marang siswa sing liyane. Banjur Gilang kenalan.

“Namanya siapa, aku Gilang dari Yogya,” Gilang kenalan karo wong lanang sinambi salaman pratanda kenalan.
“Namaku Hendra dari Riau, pelajaran Biologi, senang berkenalan dengan kamu,” jawabe wong lanang mau.
Banjur sakliyane lanang, Gilang uga kenalan karo wong wadon.
“Aku Gilang dari Yogya, nama kalian siapa satu persatu,” pitakonan Gilang marang bocah wadon sing padha akrab.
“Namaku Berlin dari Jakarta Astronomi, Ratih dari Jawa Tengah Ekonomi, Leni dari Jambi Matematika, senang berkenalan dengannmu,” jawabe ketelu bocah wadon mau..
Sakwise padha kenalan, dilanjutake acara istirahat. Ing acara kenalan mau Gilang kenal marang kanca-kanca anyar ing kabeh penjuru Indonesia lan Gilang uga seneng marang bocah wadon sing ayu, pinter, alus pocapane, becik pekertine, yaiku wakil saka Jawa Tengah sing jenenge Ratih saka plajaran Ekonomi. Wakil saka Yogyakarta nginep ing Hotel, sing ora adoh saka Dinas mau, uga wakil-wakil saka Propinsi liyane, ing hotel, Gilang sekamar karo Petrus saka Biologi, Jefri saka TI, lan Ferdi saka Astronomi. Sedina sakwise ning Jakarta dianakake tes seleksi, soale ana sing nganggo basa Inggris, amarga wus arep tumuju Internasional, untunge Gilang, ya bisa anggone basa Inggris, dadi ora kangelan anggone nggarap soal. Pengumumane, diumumke telung dina maneh. Kanggo nunggu wektu telung dina, kabeh sing mlebu Nasional di wenehi hadiah, plesir ing panggonan plesir ing Jakarta kayata TMII, Dunia Fantasi ( DuFan ), Monas, lan liyan-liyane. Telung dina wus klewat, pengumumanane diumumake, sing makili Indonesia kanggo Olimpiade Internasional sing dianakake ning Roma, Italia. Kabeh padha kumpul ing Dinas Pendidikan Pusat kanggo ngrungokake pengumumane.

“Yang lolos, dan nantinya dapat melanjutkan ke olimpiade Internasional adalah sebagai berikut, Tampubolon dari Medan wakil pelajaran Matematika, Sendy dari Palangkaraya pelajaran kimia, Gilang Yogyakarta wakil pelajaran Fisika, Prita dari Jakarta wakil pelajaran komputer / TI,…..” omonge pengumumane saka speaker.
Gilang kuciwa amarga Ratih ora mlebu anggone Olimpiade tumuju Internasional. Kabeh sing lolos utawa ora lolos kabeh bali ing asale. Amarga Olimpiade Internasional dianakake limang sasi maneh, krungu kaya mangkono, pak Darma, bu Darma, lan Indah seneng banget amarga anakke lan kangmase bakal makili Indonesia lan lunga menyang luar negeri.

“Pak lan Ibu kula saged makili Indonesia kagem olimpiade Internasional,” ngendikane Gilang sakwise bali saka Jakarta.
“Wah, Ibu seneng banget le, kowe bisa mlebu Internasional, lan bisa ning luar negeri,” rasane Bu Darma sing seneng banget.
Pas ning Jakarta, Gilang uga eling karo sing ning ngomah, dadi Gilang nukokke oleh-oleh sing dituku pas plesir ing panggonan werna-werna ing Jakarta.
“Oh, iya dhik, mas nggawa oleh-oleh saka Jakarta kanggo kowe, bapak lan ibu,” Gilang omong sinambi bukak lan bongkar isi tas sing digawa.
“Apa, Mas?”pitakone Indah pengen reti.
“Boneka lan kaos iki kanggo kowe, klambi niki kagem ibu, lan topi niki kagem bapak,” Gilang ngetokake barang saka tase lan wenehi barang mau siji-siji.
“Matur nuwun, ya Mas,” Indah katon seneng kato oleh-oleh mau.
“Lha dhuwitte saka ngendi, Le?” takon Pak Darma.
“Saking Dinas Pendidikan saksuwene melu pembinaan pareng arta,” jelasake Gilang.

Limang sasi iku, digunakake Gilang kanggo luwih nyinauni bab plajaran Fisika lan Inggris lan liyan-liyane nanging sing diutamakake ya mung loro mau. Sakwise patang wulan setengah ing Yogyakarta, saiki kudu tumuju ing Jakarta maneh, kanggo pembinaan ing Dinas Pendidikan Pusat, sakliyane pembinaan uga dianakake kagiyatan, temu Presiden, Bapak Susilo Bambang Yudhoyono lan Ibu Ani Bambang Yudhoyono ing Istana Merdeka. Istana Merdeka iku cerak saka Monas. Gilang lan para kanca-kancane seneng banget bisa ketemu kaliyan wong nomor siji ing Indonesia. Pak SBY ngendika marang para siswa sing bakal makili Indonesia ing Olimpiade Internasional.
”Semoga berhasil, dalam mengikuti olimpiade Internasional di Roma, Italia, nanti, supaya nantinya dapat mengharumkan nama bangsa Indonesia di mata dunia”, sinambi salam-salaman.
“Iya, Pak kami akan berjuang sekuat tenaga supaya nantinya dapat mengharumkan nma bangsa,” omonge wakil saka peserta sing mlebu Internasional.
“Pokoknya, terus berjuang,” terusane Pak SBY.
“Makasih, banyak atas dukungan Bapak Presiden,” omongane wakil Olimpiade kanggo nutup bincang-bincang mau.
Banjur dilanjutkake acara prasmanan, ing Istana Merdeka mau.
Saiki, para siswa wus siap perang nuju Italia numpak motor mabur, lewat bandara Soekarno-Hatta. Sakwise tekan Italia, kahanan Italia, elok tenan, resik, apik, pokokke beda banget karo Indonesia. Ing Italia, uga lewat Menara Pissa utawa miring sing misuwur ing sadonya. Olimpiade iku dianakake ing gedung sing gedhe, jembar, lan apik. Banjur ndelok panggonan sing kanggo Olimpiade, wakil saka Indonesia mau tumuju ning hotel sing ora adoh saka panggonan mau kanggo nginep. Olimpiade dianakake rong dina maneh, kabeh padha persiapan kanggo olimpiade iku. Akhire, olimpiade mulai, ning panggonan kuwi akeh negara-negara sing uga melu, lan ora bisa dietung. Olimpiadene dirasa Gilang angel banget. Lan pengumuman diumumke dina kuwi. Indonesia oleh loro perak lan siji perunggu. Kabeh wakil saka Indonesia bali saka Italia. Lan bali ing asale dhewe-dhewe.
“Pak, kula nyuwun sewu kula mboten saged menang,”Gilang karo mrengut raine.
“Ra papa, le, sing penting, kowe bisa duwe akeh pengalaman ketok ngendi-ngendi,” Pak Darma ngurangi kuciwa Gilang amarga kalah.




karyaku yang sederhana ni,, moga bisa jadi bahan bacaannn

INTAN NOVITASARI WIJAYA

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Khittah Palembang dan Ponorogo (Muhammadiyah)

  Matan Khittah Palembang Muhammadiyah pertama kali memperkenalkan konsep khittah Khittah Palembang dirumuskan pada masa kepemimpinan A.R. (Ahmad Rasyid) Sutan Mansur tahun 1956 – 1959. Isi Matan Palembang  1.        1.  Menjiwai pribadi anggota dengan ibadah, iman, akhlak dan ilmu pengetahuan 2.        2.  Melaksanakan uswatun khasanah 3.        3.  Mengutuhkan organisasi dan merapikan administrasI 4.        4.  Memperbanyak dan mempertinggi mutu amaL 5.        5.  Mempertinggi mutu anggota dan membentuk kader 6.        6.  Mempererat ukhuwah islamiyah 7.        7.  Menuntun penghidupan anggota Matan Khittah Ponorogo Setelah dekade-dekade sebelumnya, 20-50 an masih mencari bentuk berbagai landasan ideologisnya, pada dekade 60-an tepatnya tahun1969 Muhammadiyah menghasilkan produk yang memuat tentang politik. Ya, dalam sidang Tanwir Muhammadiyah tahun 1969 di Ponorogo lahirlah Khittah Perjuangan Muhammadiyah tahun 1969 singkatnya disebut “Khittah Ponorogo”. Khittah ini la

Mengenal Lapping & Kitting

Perusahaan industri, jasa maupun dagang sebagai suatu pelaku ekonomi tidak bisa lepas dari kondisi globalisasi ekonomi dewasa ini. Era globalisasi akan mempertajam persaingan-persaingan diantara perusahaan, sehingga perlu pemikiran yang makin kritis atas pemanfaatan secara optimal penggunaan berbagai sumber dana dan sumber daya yang ada. Sebagai konsekuensi logis dari timbulnya persaingan yang semakin tajam, ada tiga kemungkinan yaitu mundur, bertahan atau tetap unggul dan bahkan semakin berkembang. Agar perusahaan dapat bertahan atau bahkan berkembang diperlukan upaya penyehatan dan penyempurnaan meliputi peningkatan produktivitas, efisiensi serta efektifitas pencapaian tujuan perusahaan. Menghadapi hal ini, berbagai kebijakan dan strategi terus diterapkan dan ditingkatkan. Kebijakan yang ditempuh manajemen antara lain meningkatkan pengawasan dalam perusahaan (internal control ).              Pentingnya mengembangkan program audit yang mencakup prosedur menyeluruh untuk mengaud

Lirik Lagu Terimakasih Ustadz

Alangkah indah masa kecilku Ngaji al Qur’an riang selalu Tiada hilang dari ingatan Sungguh indah berkesan Betapa mulya ustadz-ustadzku Tiada pernah engkau mengeluh terimaksih untuk ustadzku atas bimbinganmu Reff: Ya Allah dengar do’aku Lindungi ustadzku Terimalah jasa-jasaNya Ampuni Dosanya Lagu inilah yang dipakai di TPA kami untuk melakukan wisuda kelulusan santri-santri TPA Bila ingin meminta lagunya bisa meminta ke penulis. Salam, Intan